GEGURITAN


Kucingku

Iki kucing duduk sembarang kucing
Iki kucing kang bagus tenan rupane
Iki kucing kang dak tresnani
Saben dina dak adusi
Dak pakani, dak openi, dak lus-lusi
Kang ana panggalihku rino wengi
Kucingku iki duduk sembarang kucing
Kucingku iki manut lan uga widura
Kucingku iki lemu tur alus ulune
Nanging kucingku seneng penekan turut wuwung
Nganti driyaku ngrasa rimang
Ora gampang turu senadyan kemul sarung
Gara-gara mikir kucing sing dak wuyung


Buku

Buku iki gudange ilmu
Buku iki jendelane jagad
Buku iki kanca kang aweh guna
Senadyan rupamu wis ala
Amarga anggonku nyeleh sembrana
Ananging dhewekmu tetep aweh guna
Dhewekmu aweh panglipur
Dhewekmu uga aweh semangat kanggo para muda
Dhewekmu aweh pitutur kang migunani
Aku janji bakal jaga awakmu
Ora bakal dak sia-sia meneh sliramu
Amarga sliramu, aku oleh ngilmu
Category: 0 komentar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar